Thursday, May 23, 2013

Desa Karang Turi Kroya Cilacap tempat kelahiranku



Desa Karang Turi Kroya Cilacap tempat kelahiranku

Assalamu’alaikum wr.wb

Sugeng sonten para sedulur lanang wadon  kabeh, dina kiye enyong agep curhat lah sepisan-pisan nggo nambani rasa kangen enyong meng desa tempat kelahiranku yaiku desa karang turi kecematan kroya kabupaten cilacap tercinta.
Enyong wis ninggalna karang turi ya ana setengah taun mbok, tapi ya wis kangen banget maring rama lan biyungku karo tangga-tanggane, kangen angon wedus, ngempani bebek karo enthok karo liya-liyane lah intine.  Sesuai karo judul nang duwur aku agep cerita tentang karang turi desa tercintaku. Nang karangturi kue enak uripe adem ayem enak tentrem , lah pokoke desa paling aman sedunia kayane. Wingi wulan januari 2013 ana pemilihan lurah anggone aku melu milih pertama kali, tapi pas aku lagi nang malang anu kuliah , enggane melu milih ya mandan ulih wuwuran kayane ra ketang seket-seket hehehee, oh iya lurah siki jenengane pak Misar, maune sih njabat Bau nang karang turi , ya semoga bisa mimpin sing apik lah, bisa majukna desa karang turi ben lewih apik lan tertata sing rapih.. amin.
Desa karang turi kue letake kulone desa Ayamalas, nek kulon desa karang turi ya sawah.. hehe, paling ya mandan Desa Sikampuh, nek kidule Desa Kepudang, nang kepudang kue seringe pasar nek dina pon biasane di sebut Pasar Pudang, nek sebelah lore karang turi kue Desa Pesanggrahan.
Mbiyen pas asih cilik aku sering banget dolanan layangan nang sawah karo mancing, ngantek kulite ireng thuwek jere mamake heheehee.. oh iya nang karang turi ana masjid gede yakuwe Masjid Abu Bakar As’syidiq, biasane aku jum’atan nang kono, kanca –kanca nang desaku khususe Dusun Karang Kamal wetan kuburan singa rante ana bambang (Sudlek), miswanto (Toa), Boniman (Bothek), Andi (Peyang), Aris (Goris), Agus, Harno sing duwe konter jenenge “Hoda cell” nek ora salah , terus Supri (kakange Toa), terus Maridin (Guthel), Tikno (adine sudlek), karo liya-liyane lah.. ngger kulon kuburan ya ana: Toto, daplong, dodo, ashari (juli), gorip, ciyut, Goras, margo, karo sapa bae ra bisa nyebutna siji-siji..  ya kue lah batir dolanku siji-siji, ngger dolan biasane nang kuburan singa rante karo Angon wedus karo dolanan layangan, nang sanding umahku ya perek ana Masjid Miftakhul Jannah sing biasa nang aku go sholat.
Terus nyritakna apa maning yah jhan aku bingung kohh haha, kayane tah uwis ndisit lah ya,, ngger nemu ide maning tek tambaih lah karo tek sogi gambar” karang turi, soale aku kelalen ra motho” karang turi ,,
Cukup kaya kue kang enyong, mbok ana tutur kta sing ra enak ya njaluk ngapura.
Desa Karang Turi Kroya Cilacap tempat kelahiranku
Desa Karang Turi Kroya Cilacap tempat kelahiranku 

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

4 comments:

BERKOMENTARLAH YANG BAIK DAN SOPAN