Saturday, June 15, 2013

Keluarga mahasiswa ngapak di malang ( Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, kebumen)

Keluarga mahasiswa ngapak di malang ( Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, kebumen)

assalamu'alaikum wr.wb



sugeng sonten para sedulur kabeh, kepripun kabare. apik-apik bae mbok lah.. amiin lah ya.. 
wengi kiye enyong agep gawe postingan tentang keluarga mahasiswa ngapak sing Kuliah nang daerah malang se karesidenan Banyumas lah sing jenengane BARLINGMASCAKEP ya mbok Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, kebumen, sing bahasane ngapak.

selain kue ya nek gep gabung ya ora papa, sing jenegane sedulur ya saling tulung tinulung mbok lah.. kaya kue..
kenalna ndisit lah ya, enyong anggota keluarga ngapak sing kuliah nang UB malang angkatan 2012, sore mau bar acara rembugan keluarga ngapak lan mbahas tentang acara sambut mahasiswa baru ( SAMBA) sing agep di lakoni tanggal 18-19 juni 2013 berarti dina rabu kamis nek ora salah. dadi intine bocah-bocah ngapak kiye agep nuntuni lah adik-adik tingkate sing agep registrasi alias daftar ulang Khususe nang kampus Universitas Brawijaya karo UIN Malang supaya adik-adi tingkate kuwe lewih kepenak ana sing nuntun lah istilaeh.

apa maning yah, hehe bingung koh gep nulis apa, oh iya, gabung ya warga ngapak nang group FB kiye: Kapak ( keluarga ngapak nang malang)  
mungkin cuma kuwe sing bisa tek informasikna kanggo sadulur kabeh, mbok ana mahasiswa sing nang malang kan bisa dadi keluarga, nek bareng-bareng kan rame " ORA NGAPAK ORA KEPENAK" kaya kue lah semboyane, dadi bangga bae lah dadi wong ngapak, enyong nang malang ya  bahasane ngapak bae, dadi intine lestarikna bahsane dewek , dewek sing gep dadi generasi penerus , semoga bisa lewih maju lah ngapak, amiin... 

kiye foto-foto bar rembugan nang UIN Malang sing dilaksanakna sabtu, 8 juni 2013
mungkin kaya kue bae lah sekang aku, semoga bisa bermanfaat go sadulur kabeh, Hidup ngapakk...!!!!!!!!!  
Keluarga mahasiswa ngapak di malang ( Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, kebumen)

mbok ana salah aku njaluk ngapura..


wassalamu'alaaikum wr.wb
 

No comments:

Post a Comment

BERKOMENTARLAH YANG BAIK DAN SOPAN